Selasa, 15 Desember 2009

Belajar Bahasa Jawa # 5

Ngayogyakarta, 19 November 2009

Assalaamu’alaikum warohmatullahi wabarokaatuh

Ingkang sembah pangabekti kula katur
Panjenengan Bapak saha Ibu

Nuwun wiyosipun serat punika, kula nyaosi priksa bilih angsal berkah pangestunipun Bapak saha Ibu kula ginanjar wilujeng, pinaringan dening Gusti Allah Ingkang Maha Kuwaos bagus kuwarasan lan kawilujengan. Ingkang kula suwun ing ngriki semantena ugi.

Bu/pak, kula sampun dipunkintuni kabar saking mbak antik, menawi Indah badhe dados manten surya 4 Desember punika. Kula nggih disuwun sowan datheng Bandung,nyuwun pangapunten kula mboten saged sowan wonten Bandung. Amargi wekdal-wekdal punika kegiatan kula tambah katah, kuliah saha organisasi. Dinten jumat, surya 4 Desember benjang, kula wonten kuliah ingkang boten saged ditinggalaken.

Kula kiyambak nembe libur surya 20 Desember ngantos 3 Januari, dinten punika insyaAllah kula mantuk ing Lampung. Mugi-mugi boten wonten alangan.

Kula nuwun doa restu saking ibu saha bapak, mugi-mugi kula dipunparingi selamet saha kesabaran. Mugi-mugi, aktivitas ingkang kula tindakaken ing Ngayogyakarto punika saged dadose sangu kagem kula ing wekdal ingkang badhe dateng.

Oh nggih, bu/pak, sak punika kula nyinauni boso jawi kaleh adek tingkat ingkang saged boso jawi kromo inggil. Piyambakipun saking Kulon Progo. Mugi-mugi kula saged lancar ngginakaken boso jawi.

Bu/pak, sakmenten mawon serat saking kulo. Kula nyuwun seratipun dipunbales ngagem boso jawi ugi mawi sampun dipunwaos.

Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokaatuh

0 komentar:


Blogger Templates by Isnaini Dot Com. Powered by Blogger and Supported by Lincah.Com - Nissan Cars