Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinabekten bapak ibu, tuwin para lenggah sedaya…
Langkung rumiyin sumanggo kula Panjenengan ngunjukaken puja puji ngarsanipun Gusti Allah. Inggih awit sih nugraha sarta brekahipun, kula panjenengan saged pinanggih ing papan menika kanthi bagya mulya kalis ing sambikala.
Sholawat ugi salam tansah kito ngaturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun beto kito saking jaman kegelapan minuju jaman terang benderang.
Wonten ing wekdal punika, kulo badhe ngaturaken matur nuwun awit saking kerawuhan bapak ibu wonten acara punika. Boten kesupen kulo ngaturaken agunging pangapunten awit saking sedoyo kekirangan anggenipun ngaturaken lenggahan ugi dedaharan ingkang kirang mranani panggalih panjenengan sami.
Mugi-mugi bapak ibu saged ngelampahi dumugi pungkasaning adicara.
Matur nuwun awit saking kawigatosan panjenengan sami, namung kemawon menawi anggenipun kulo ngaturaken saklimah atur wonten katah kekirangan kulo nyuwun lumunturing sih pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Selasa, 15 Desember 2009
Belajar Bahasa Jawa # 2
Langgan:
Poskan Komentar (Atom)
.jpg)
0 komentar:
Poskan Komentar