Selasa, 15 Desember 2009

Belajar Bahasa Jawa # 1

Wau enjing, kula tindak dateng griyo Pak Rizki. Ananging kula mboten kepanggih Pak Rizki namung kepanggih bu Dhany

Kun : Kulo nuwun!

Bu Dhany : Monggo, pinarak riyen Mas, badhe kepanggih sinten?

Kun : Kulo badhe kepanggih Pak Rizki. Pak Rizki wonten bu?

Bu Dhany : Pak Rizki ne wonten, wonten perlu menopo? Nembe sholat.

Kun : Kulo badhe matur babagan bisnis bu.

Bu Dhany : Monggo dipun tenggo rumiyen.

Kun : Nggih bu.

Gangsal menit saklajengipun, Pak Rizki medal saking kamar.

Pak Rizki : Oh, mas Kun. Mpun dangu ngentosi?

Kun : mboten kok Pak.

Pak Rizki :Pripun mas Kun?

Kun : Niki pak, kulo betahaken kajeng jatos, panjenengan saget nyediaaken?

Pak Rizki : Nyuwun Pangapunten mas rizki, sak niki kulo mboten saget nyediaken kayu jati ne. Soale, stok teng mriki mpun telas.

Kun : Oh ngoten tho Pak, Mboten nopo-nopo pak. Menopo panjenengan kagungan kerabat ingkang saget nyawisaken kajeng jatos?

Pak Rizki : Nggih, sampeyan hubungi Pak Karno mawon, niki nomer hapene 08123456789.

Kun : Matur nuwun sanget nggih pak. Kulo wangsul riyen, mangkih kulo cobi hubungi Pak Karno. Assalamu’alaikum…

0 komentar:


Blogger Templates by Isnaini Dot Com. Powered by Blogger and Supported by Lincah.Com - Nissan Cars